Sabtu, 23 April 2011

TENBUNG TULODO

Ojo odoh adoh yen ora ginayoh
Sing parek parek wae iso marek wis marek

Yen adoh mlakune mengko tersesat yen kito ora titen, titi, titis, tutus,

Sak benere iku ora adoh nangeng parek awak,e dewe
Yen sampean dijit kroso...
Iku jenenge wis parek roso

Yen sampean di senggol obah
Iku jeneng wis obahe roso

Yen sampean di gedok lawange ngakno
Iku jeneng wis marek

Yen sampean weruh kembang
Sampean kok mambu
Iku jenenge wis cedek

Mulane ora usah adoh adoh
Mengko lak iso parek dewe
Yen sampean gelem marek..

Lah iku wonge nyang nggurimu

Cobo toh ndang noleh
Mengko sampean lak weruh...
Cobo ndang dipikir...


SAK BENERE
kito kangelan iki di jarak/sengojo dewe,
Ndang cobo toh ayo dipikir sak benere urip kito iki
Kangelan iku di gawe gawe dewe


NYATANE

Wit-witan/pohon randu iku bibite cilik jenenge klenteng
Nanging mulai bibit
Tumekane tetukulan
Lan nganti temuko batang/wit/pohon,
Nyatane yo urip nganti seprene
Padahal ora ndue sikil, ora nduwe tangan ora nduwe cangkem ora nduwe opo opo
Sing koyok kito nduweni...

Nanging uwit kuwi sabar nriman loman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar